Montore Bapak
Nalika semana dadi bojo guru jan prihatin banget. Mangane beras jatah sing wis apek njipek. Gajine wis bersih. Jerene guru mulange wis bener, yakuwe “kebersihan sebagian dari iman”. Mulane gaji bae ya kudu bersih. Maksude bersih nggo ngangsur koperasi. Apa maning anak mbarep lagi kuliah neng Yogya. Biayane ora sethithik. Bayar registrasi nganggo duit utang. Jan nelangsa pisan. Saben tanggal nom bojoku njimot balpoin karo buku notes. Etang-etung, ya mbuh ngetungi duite sapa. “Jane rika agi ngetunge apa, Pak?” sewijining dina aku takon. “Lagi nyatet tanggungan,” bojoku nyauri. Bojoku menyat mangkat kebon. Arep niliki tanduran, e, mbok jere sapa ana wit besika sing wis gedhe. Arep didol go bayar kos anake lanang. Bojoku ya tau rasan arep adol kebon baen. Duit dol-dolan kebon arep nggo nutup utang. Wis ora kuat puyeng saben tanggal nom. Ning inyong ora setuju, sebab kebon kuwe waris sekang ramaku. Tur anu ora amba lan mung-mungan. Gaji guru wektu semana urung nganggo rekening. Nalika kuwe